Sabtu, 28 Februari 2015

Sesorah Perpisahan kelas 9 dari kelas 7 dan 8



Hallo Semua,
Dipost ini lagi lagi gw akan membagikan sesuatu berbau bahasa jawa,, yaitu sesorah perpisahan pada kelas 9 dari perwakilan kelas 7&8

Assalamualikum Wr.Wb

Bapak kepala sekolah ingkang tuhu kinurmatan,
Bapak/Ibu guru ingkang kula taati
lan para tamu undangan ingkang kula urmati

 Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat dateng kito sedaya saged wonten ing adicara perpisahan sak menika. Kula minangka wakil kelas pitu (7) lan wolu (8) naming saget ndongakaken dhumateng kakak kelas kula sedaya ingkang badhe nilaraken pawiyatan [SMP ANDA] menika, mugi-mugi tansah pinaringan hidayah saking Allah lan ugi angsal sekolah ingkang sampun dados idam-idamanipun tuwin saget dados murid ingkang tansah ngabekti dhumateng tiyang sepah kalihipun, nusa bangsa lan agami. Kagem kelas sanga (9) ingkang sampun lulus kasuwun menawi sampun wanten ing pawiyatan ingkang langkung inggil kasuwun empun ngantos kesupen kaliyan bapak/ibu guru [SMP ANDA] lan sedaya warga [SMP ANDA] mulai siswa-siswinipun ngantos karyawanipun. Sahingga najanto tata lahiripun sampun mboten makempal ananging tali silaturahmi tetep kajaga ngatos salami-laminipun.

Cekap semanten saking kula amakili kelas pitu (7) lan wolu (8) . mugi-mugi saged ndhatengaken guna dhateng kita sedaya. Langung uga kirangipun pamit dipunapuntenaken.

Wassalamualaikum Wr.Wb

3 komentar: