Minggu, 01 Maret 2015

Sesorah Perpisahan dari Kelas 9



Hallo Semua,
Pada post ini gw akan membagikan pidato/sesorah pada perpisahan kelas 9 dan dari kelas 9 ^_^


Assalamualaikum. Wr. Wb

Panjenenganipun Bapak kepala sekolah ingkang tuhu kula urmati
Panjenenganipun Bapak / Ibu guru ingkang tuhu kula taati
lan kanca kanca ingkang kula tresnani

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat dateng kito sedaya saged wonten ing adicara perpisahan saiki.

Kula lan kanca kanca matur nuwun ingkang saageng-agengipun dhateng Bapak / Ibu guru amargi sampun mucal kula lan kanca kanca tigang warsa dados siswa ingkang disiplin lan berprestasi. Mboten kraos kula lan kanca-kanca sampun ngelampahi sekolah pawiyatan mriki tigang warsa. Wonten ing adicara menika, kulo lan kanca kanca nyuwun pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan kanca kanca gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan kanca kanca.
Kang paling akhir, kula lan kanca kanca nyuwun donga pangestu mugi mugi saged nglajengaken sekolah ingkang langkung inggil.
Cekap semanten kula amakili kanca kanca kelas IX.
Nyuwun pangapunten ingkang kathah pinanggih kalepatan. Matur Nuwun.


Wassalamualaikum. Wr. Wb


Sekian Post dari gw,
Semoga bermanfaat bro ^_^

0 komentar:

Posting Komentar